----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
TIMUN MAS
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Dek jaman biyen
ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa
sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok
randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke
yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.
Tanpa
sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu
Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa
supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.
Sawise ora
miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong
menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto
ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.
Penjaluke Buto
ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure
Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo
kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat
lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet
tukul.
Sawise tukul lan
dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe
woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan
gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi
manungsane.
Mbok randa
bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa
ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau
wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing
kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas.
Sawise Timun
mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake
Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya
entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi
ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya
Timun mas ora dijupuk sang Buto.
Esuke mbok
randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya
ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau
menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang
Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok
randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake.
Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete.
Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur
nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok
randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.
Amarga Buto ijo
jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur
nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh
woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau.
Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo
banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.
Lagi sedela wae
sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus
diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto.
Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.
Timun mas
banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan
jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil
mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake
buntelan kang pungkasan.
Buntelan kang
isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan
kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun
mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip
tentrem karo mbok randa.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
JAKA TARUB
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Wonten ing
satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra
kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih
menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi
ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron
menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten.
Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha.
Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing
satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge
dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah
wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’
subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun
dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun
sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal
punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing
jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal
punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu,
amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun
wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri
sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi
sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten
percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget
amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami
gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan
widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun
wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal
pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten
satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami
widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi
Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka
Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing
satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub
ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila
Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun
kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun
Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep,
menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun
naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang
Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak
ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang
wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi
kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun
klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi
sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih
lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen
kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan
wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang
Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan
manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados
manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara
kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi
Roro Kidul.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
RORO JONGRANG
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Ing jaman biyen
ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan
tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.
Nanging
kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane
kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo
senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok
naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu
Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget.
Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso
nglamar Roro Jonggrang.
"Roro
Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang
nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi
ana syarate."
"Apa iku
syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno
aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi,
Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno
perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake
karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro
Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
Roro Jonggrang
mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing
wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung
mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.
Bandung
Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung
bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.
---------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
JAKA TINGKIR
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Jeneng asline
yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka bapakke
nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur
sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka
Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek
anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu
meguru.
Mas Karebet
nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh
menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke
karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka
Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing
omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi
mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama.
Ing sawijining
dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus
mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan
umuk, arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku
banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka
prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak
Jaka Tingkir
banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa
ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka
Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang
aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil.
Rombongane Jaka
Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing
tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu
kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka
Tingkir nganti tekan sebrange kali.
Tumekane ing
Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan
digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa
ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan
ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora
angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan
Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.
Kasektene Jaka
Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati
Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan
Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi
ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur
saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan
Trenggana kang dadi bupati Jepara).
Arya Penangsang
ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang
utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu
Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih
ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara
terang-terangan.
Mula dheweke
nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan
Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan
kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng
Pemanahan).
Sawuse prastawa
ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang
Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.Sultan
Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara,
banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi.
Ki Panjawi
antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan
isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti
taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan
pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau,
coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga
dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair
keraton kang bakale ngasorake Pajang.
Sunan Kalijaga
mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib sumpah prasetya
mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep
mring Pajang.
Ki Ageng
Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing
tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan
uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane
Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya),
Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang
Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang
kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang
saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur
Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse
kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan
disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.
Ana ing kraton,
Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging
Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat
Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama.
Ing sawijine
dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit tamtama. Calo-calon lurah mau kudu
wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango
ndaftar prajurit tamtama. Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke
jejaka saka desa sacedhake Kraton Demak. Praupane medeni, kumisi dawa, kurang
tata krama, lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong
kang kebal marang kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi
Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng.
Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji
nganggo sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu
kalah lan dadi patine.
Sultan Demak
kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka
Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran.
Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu
kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir,
dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.
Ing alun-alun
Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk ora ana
prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang
mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite
supaya mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang
wis duweni ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun-
alun lan dheweke gampang wae anggone ngalahake kebo mau.
Sultan Demak
kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana ing
Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka
Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo
tandha pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala.
Lan dadi lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra
mantune Sultan Demak.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
WATU
GAJAH
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Ki Ageng Kedungsari yaiku
wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi anane ing Kabupaten
Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing bagus lan gagah
prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake
anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing
atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya
nggolekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki
Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara
sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.
Banjur kulawargane Ki
Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna kanggo digawa menyang Jepara.
Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget amarga rumangsa dheweke wong
sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.
Nalika wis tekan nggone
Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka warna panganan lan
omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon kang lagi mbeksa. Sawise njagong
ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha yen Ki Ageng
Kedungsari arep nglamar anake wadon Ki Ageng Rajekwesi, kanggo anake lanang Ki
Ageng Kedungsari.
Krungu mengkana kuwi, Ki
Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen anake wadon kuwi mung gelem
dilamar karo wong lanang sing menehi mas kawin kang arupa gajah, “Mula
kandhakana marang Ki Ageng Kedungsari”.ngendikane Ki Ageng Rajekwesi.
Pangandikane Ki Ageng
Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki Ageng Kedungsari.
Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni gajah. Banjur utusane Ki
Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.
Nalika wis tekan Kudus,
Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen lamarane marang anake Ki Ageng
Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah Ki Ageng Kedungsari kudu menehi gajah
kanggo mas kawin, yen kepengin lamarane katrima marang Ki Ageng Rajekwesi. Uga
suwe nggone mikir, nanging amarga rasa tresnane marang anake, dheweke
nglilakake gajahe kanggo mas kawin.
Banjur warta kuwi kasebar
tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin.
Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan. Ananging atine serik krungu
warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Mula Ki Ageng
Menawan ngrancana arep ngrampog utusane Ki Ageng Kedungsari sing arep menyang
Jepara. Ki Ageng Menawan uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu Gede. Ki Watu
Gede uga seneng banget nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen wis entuk
hasil rampogane, Ki Watu Gede entuk kabeh bandha sing dirampog, banjur Ki Ageng
Menawan entuk gajahe.
Ora let suwe, utusane Ki
Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki Watu Gede. Utusane Ki Ageng
Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis ngleboni daerah kuwasane wong liya.
Nalika utusane Ki Ageng
Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki Ageng Menawan ngrampog bandha
lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para utusane Ki Ageng Kedungsari padha
tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki Watu Gede. Tetandhingan kuwi ora ana sing
kalah, ora ana sing menang.
Banjur Ki Ageng
Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki Watu Gede uga Ki
Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing menang, ora ana sing kalah.
Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu. Ki Ageng
Menawan enthuk endhase, Ki Ageng Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede entuk
bokong lan buntute.
Saka prastawa kuwi dadine
ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku wong-wong sing waninan, trahe
Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing akeh rejekine lan trahe Ki Watu Gede
yaiku wong-wong sing kangelan nggolek rejeki.
Mula saiki telung
perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa katemokake ing Desa
Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten Kudus. Uga ana ing
Desa Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
ASAL
USUL TELAGA WARNA LAN KAWAH SIKIDANG
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Ana salah sawijining
penduduk Wonosobo kang paham anane legenda kang bisa dipercaya penduduk ing
kutha Dieng, nuturna yen “Dieng asale saka bahasa Jawa yaiku dhi kang artine
gunung lan nyang sing artine para dewa-dewi. Dadi Dieng yaiku gunung papan
panggonane para dewa-dewi. Saliyane iku uga ana akeh candi peninggalan agama
Hindu antarane ana candi Arjuna, candi Srikandi, candi Puntadewa, candi
Sembadra, lan candi Semar. Saka hasil penelitian ahli sejarah kelompok candi
Arjuna dibangun kira-kira pas pertengahan abad ke-8.
Ora adoh saka kawasan candi Arjuna uga ana telaga warna lan kawah Sikidang.
Miturut cerita telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena
sorot sumunare srengenge yaiku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo
sang ratu. Rikala kuwi ana loro calon pangeran sing arep diangkat dadi mantune.
Mula dibuka sayembara kanggo syarat supaya salah sijine bisa oleh sang ratu,
syarate yaiku adu cepet nggawe telaga. Salah siji pangeran bakal dadi
pemenange. Nanging pas ratu isih mlaku-mlaku, banjur weruh ana telaga sing
banyune katon tenang lan bening ana cahayane amarga kesorot srengenge. Ratu
sing isih mlaku-mlaku krasa seneng banget lan penasaran sapa sing nggawe banyu
telaga kang katon endah kuwi. Banjur ratu nggoleki pangeran sing nggawe telaga
kuwi amarga arep didadekake bojone sang ratu. Akhire keputusan perkara sing
menang sayembara kuwi dibatalke.
Ratu lan pangeran urip
rukun lan tentrem kanthi dianugrahi putri. Wektu kuwi ratu lan anake sing ayu
rupane adus ana ing telaga, nanging slendang-slendange pada mabur kena angin
lan tiba ing sajroning telaga banjur nglunturi banyu telaga nganti banyune dadi
warna-warni. Mula saka kuwi akhire telaga iku diarani “Telaga Warna”. Ana ing
lereng bukit sing cepak karo telaga warna ana kawah kang diarani kawah Sikidang.
Manut critane kawah
Sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana duwekke sang ratu kang ayu
rupane. Arane Shinta Dewi. Ing sawijining dina dheweke dilamar marang pangeran
sing kabare gagah lan sugih. Nanging nyatane Shinta Dewi kuciwa amarga pangeran
kuwi nduweni awak manungsa lan sirahe rupa kijang. Arane Kidang Garungan. Mula
ben ora gampang nglamar, Shinta Dewi nduweni siasat lan njaluk syarat. Syarate
yaiku njaluk digawekna sumur sing gedhe lan jero banget ing kono. Wektu kuwi
sumure wis arep rampung banjur Shinta Dewi karo para pengawale ngurung sumur
kuwi. Kidang Garungan wektu kuwi melu kekurung ing sumur banjur akhire melu
kekubur ing sajroning sumur kuwi. Kidang Garungan berusaha supaya bisa metu
saka sumur kuwi kanthi ngetokake kabeh kesaktiane banjur iku meledhak kanthi
panas lan lapisane goyang utawa gogrok. Amarga saking jengkele Kidang Garungan
ngutuk yen kabeh keturunan shinta Dewi bakal nduweni rambut gembel. Mula saka
iku ing kutha Dieng terkenal karo anane tradisi upacara adat “rambut gimbal”.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
DUMADINE
KEDHUNG PENGILON
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Kacarita yen mulane Kedhung Pengilon kuwi critane diwiwiti saka
critane Abu Nawa yaiku ratu jin ing alas Roban. Ing sawijining dina ana nonoman
lanang liwat ing tengah alas Roban. Bocah kuwi jenenge Den Bagus Jaka sing
asale saka Mataram. Dheweke ninggalake Mataram pancen arep ngawula marang sing
jenenge Abu Nawa. Ing tengah alas Roban, dheweke diadhang dening ratu jin alas
Roban yaiku Abu Nawa.
“He…… bocah arep menyang ngendi awakmu kok wani-wanine ngliwati
panggonanku iki dhewekan?”, pitakone Abu Nawa marang nonoman sing lagi liwat
mau.
“Aku niat liwat alas kene, aku arep ngawula marang sing nduwe alas
kene. Apa sampeyan sing jenenge Abu Nawa sing nduweni alas iki?”, Den Bagus
Jaka mangsuli.
Suwe entuke Den Bagus Jaka ngawula marang Abu Nawa, dheweke kerep
weruh nonoman wadon ayu banget sing jenenge Sri Pandan Weleri sing manggone ing
Tamansari. Mandeng ayune Sri Pandan, Den Bagus Jaka saya kesengsem, saya suwe
rasane dadi tresna.
Abu Nawa ngerteni yen Den Bagus Jaka nduweni rasa tresna marang Sri
Pandan. Abu Nawa nyepaki Den Bagus Jaka.
“Yen kowe tresna marang Sri Pandan cepet ndang kok lamar, kuwi yen
kowe bisa ……He……He…..!” Abu Nawa sajak ngece amarga Sri Pandan kuwi angel
banget darahi.
Dheweke wae wis nyoba ora kaping-kaping nanging tetep katolak.Abu
Nawa ngongkon ngono karepe supaya Den Bagus Jaka mengkone ngerti dhewe yen ora
gampang bisa nduweni Sri Pandan. Den Bagus Jaka nyanggupi kekarepane Abu Nawa.
“Iyo, aku bakal maju nganti Sri Pandan bisa dadi duwekku.”
Esuk-esuk Den Bagus Jaka menyang Tamansari arep melu sayembara
kanggo nduweni Sri Pandan. Jejaka-jejaka wes padha kumpul ing taman kang akeh
tanduran kembang. Sri Pandan betah banget yen lagi jejagongan ing taman nyawang
kembang-kembange.
Sayembara arep diwiwiti, Sri Pandan teka ing ngarepe jejaka-jejaka
sing padha karep nduweni dheweke.
“Sapa-sapa sing bisa methik kembang ing tamanku iki, lha kuwi wonge
sing bakal dadi duwekku aku,” Welinge Sri Pandan sadurunge sayembara diwiwiti.
Sayembara wis diwiwiti, wis ana jejaka pirang-pirang sing maju
nanging padha ora bisa methik kembange. Kabeh padha mundur amarga tangane padha
getihen ketuncep ri ing gagange kembang.
Kabeh wis padha nyoba, Den Bagus Jaka dadi sing paling pungkasan..
Dheweke maju lan ora dinyana tangane bisa methik kembang ing taman k uwi kanthi
gampang banget. Tangane isih wutuh ora getihen kamangka ri ing gagange kembang
akeh lan landhep banget.
Den Bagus Jaka bungah banget akhire bisa nduweni Sri Pandan sing
ditresnani. Wong loro banjur rayuan. Kabeh sing melu sayembara padha bubar
amarga kuciwa ora bisa nduweni Sri Pandan.
Abu Nawa ngenteni ing alas Roban. Dheweke penasaran kepriye kasile
Den Bagus Jaka melu sayembara.
“Bocah kae kok ora teka-teka. Kasile kepriye ya? Ana alangan apa
ya?”
Amarga saking penasarane, dheweke banjur njupuk kaca pengilon..
Disawang saka kacane, Den Bagus Jaka lagi rayuan karo Sri Pandan. Dheweke ora
nrima amarga Den Bagus Jaka bisa kasil nduweni Sri Pandan. Karepe supaya bali
kasil kuciwa kaya dheweke biyen sing ora bisa nduweni Sri Pandan.
Abu Nawa marani ing Tamansari. Tekan kana dheweke sansaya panas
weruh Den Bagus Jaka sing lagi rayuan karo Sri Pandan. Abu Nawa banjur ngajar
Den Bagus Jaka nanging tujune ana wong sing mbelani yaiku Pangeran Sambong sing
tunggal guru karo Abu Nawa. Den Bagus Jaka digawa mlayu karo Pangeran Sambong
banjur diwenehi gaman keris jenenge keris Jalak Plengkang Kurungan.
Den Bagus Jaka ketemu maneh karo Abu Nawa. Wong loro tarung nanging
Den Bagus Jaka ora ana kalahe banjur dijenengake Deng Bagus Banteng. Amarga Abu
Nawa wedi karo kerise Den Bagus Jaka, dheweke banjur njaluk pitulungan marang
wong China sing jenenge Mbah Brontok. Mbah Brontok adhep-adhepan karo Den Bagus
Jaka. Wong loro tarung, amarga padha sektine wong loro mati samoyo.
Krungu Den Bagus Jaka mati amarga tarung karo wong kongkonane Abu
Nawa, Pangeran Sambong ngudak-udak Abu Nawa sacandhake. Abu Nawa mlayu tekan
desa Pakuncen. Dheweke kesel banjur ngaso ing pinggir kedhung. Awake ngringet
lan pliket banget, banjur dheweke nyemplung arep adus ing kedhung. Klambine
diselehake neng pinggir kedhung.
Pangeran Sambong anggone ngoyak wis tekan Pakuncen. Tekan pinggir
kedhung, dheweke weruh klambine Abu Nawa nanging Abu Nawa wis ora katon maneh
awake ambles banjur ilang. Klambine disabda dadi mesjid Pakuncen karo Pangeran
Sambong.
Pangeran Sambong penasaran kenapa Abu Nawa kok bisa ambles ing
kedhung. Dheweke njajal mbuwang kerise neng kedhung nanging ya padha ilange
karo Abu Nawa. Saka kedadean kuwi kedhunge banjur dijenengake kedhung pengilon
karo Pangeran Sambong amarga ngilangake sapa bae sing nyemplung ing kedhung
kuwi.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
LUTUNG
KASARUNG
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Ing Jawa Barat, abad 14 taun 1482 – 1579 Prabu Siliwangi dadi
panguwasa Keraton Pajajaran Sri Baduga Raja, gelare. Keraton Pajajaran kagolong
keraton Hindhu sing kuwat banget, saengga Patih Gajah sing saka Keraton
Majapait angel nguwasani keraton Pajajaran. Keroton Majapait bisa ngembangake
tlatahe nganthi tekan Malaka. Saengga tlatah keraton Majapait lan keraton
Pajajaran wawatesan karo Kebumen yakuwi kali Luk Ulo sing dadi watese. Kuwi
kabeh dadikake guwa Jatijajar mlebu tlatah keraton Pajajaran.
Prabu Siliwangi duwe anak lanang telu lan anak wadon siji, saka
praweswari loro yakuwi Banyak Cotro, Banyak Ngampar, Banyak Blabar lan Dewi
Pamungkas. Amarga wis tuwa, Prabu Siliwangi duwe maksud ngangkat Banyak Cotro
dadi raja Ing Pajajaran. Nanging yen Banyak Cotro ngrasa yen dheweke durung
akeh duwe kapinteran lan durung duwe bojo, saengga dheweke njaluk wektu kanggo
nggoleki bocah wadon sing bakal dadi calon bojone. Banyak Cotro gelem omah –
omah yen karo bocah wadon sing ayune padha karo ibune, banjur dheweke lunga
saka Keraton Pajajaran awit nggoleki bocah wadon sing bakal dadi bojone. Banyak
Cotro entuk welingan saka Resi Ki Ajar Wirangrong ing gunung Tangkuban Perahu
yaiku supaya lunga menyang kadipaten Pasirluhur sisih wetan.
Banyak Cotro kudu nyamar lan ngaganti jenenge dadi R. Kamandaka
sarta kudu nganggo klambine wong cilik. Banyak Cotro tekan ing Pasirluhur,
dumadakan papasan karo Ki Reksonoto. Amarga wis tuwa lan ora duwe anak dheweke
tresna banget marang R. Kamandaka awit kapinterane lan rupane sing bagus
banget.
Nalika Pasirluhur diparentah karo Adipati Kandadoho sing duwe anak
wadon, kabehe wis padha omah–omah. Nanging sing ragil durung omah–omah Dewi
Ciptoroso, jenenge. Dumadakan R. Kamandaka karo Dewi Ciptoroso lan tresna
banget marang dheweke. R. Kamandaka lan Dewi Ciptoroso ngumpetake sesambungan
kuwi marang sapa bae.
Nalika R. Kamandaka arep nemuni Dewi Ciptoroso malah ora sida awit
Jagasura kaputren ngerti yen ana wong mlebu kaputren, saengga kaputren dikepung
lan R. Kamandaka kacekel. R. Kamandaka ora wedi lan bisa lolos saka Jagasura
Pasirluhur awit kasaktiane lan katangkasane. Sadurunge ninggalake kaputren, R.
Kamandaka ngenalake awake dhewe yen dheweke kuwi anake Ki Reksonoto. Kadadeyan
kuwi gawe abang kupinge Sang Adapati, banjur Patih Reksonoto digoleki supaya
bisa nangkep R. Kamandaka lan njelasake nganthi cetha prekara sing digawe
putrane. Jagasura gage nggoleki Ki Reksonoto lan dicekel. Kajaba katresnane Ki
Reksonoto marang putra angkate, R. Kamandaka diculake. Kanggo ngindari sujane
Adipati, Ki Reksonoto ngapusi yen R. Kamandaka wis mati. Kosok baline Dewi
Ciptoroso kuciwa lan sedhih banget krungu kabar sing mangkono kuwi.
Neng lakune R. Kamandaka ketemu karo wong sing gaweane mancing iwak
Reka Jaya, jenenge. Wong loro mau kekonconan apik lan mutusake netep ing desa
Paniagih. Neng kana R. Kamandaka urip karo Mbok Kertosura, wong sing gelem
ngopeni lan ngangkat dadi anake. Kanggo nambani larane, R. Kamandaka nglakokake
adu pitik. Asile adu pitik mau digunakake R. Kamandaka kanggo mbangun desa
Paniagih lan desa Paniagih diganti jenenge dadi desa Sugihan.
Nalika R. Kamandaka menang adu pitik dadikake dheweke diwanuhi wong
– wong. Saengga Adipati Pasirluhur ngerti yen kasunyatane R. Kamandaka isih
urip. Banjur Adipati Pasirluhur mrentahake supaya R. Kamandaka dicekel.
Dumadakan ana pemudha bagus Silihwarni, jenenge sing arep ngabdi marang Adipati
Pasirluhur lan Adipati ngabulake panjalukane Silihwarni mau. Silihwarni
langsung dikongkon nyekel R. Kamandaka urip – urip utawa mati.
Kasunyatane Silihwarni kuwi Banyak Ngampar putrane Prabu Siliwangi
sing ke loro. Banyak Ngampar utawa Silihwarni lagi duwe kuwajiban nggoleki
kakange yakuwi Banyak Cotro. Kanggo ngadhepi mutawir neng dalan, dheweke
diwenehi pusaka Pajajaran. Kujang Pamungkas. Silihwarni nggoleki R. Kamandaka
karo ditutake Jagasura nganthi tekan desa Karangluas, panggonan kanggo adu
pitik. Neng kana dheweke ketemu karo R. Kamandaka. Kasunyatane R. Kamandaka
nganthi ora eling lan metingake Silihwarni yen awake arep ana mutawir sing
wigati. Dheweke lena saengga keris Kujang Pamungkas kena lambunge sisih kiwa.
Nanging R. Kamandaka bisa nrobos lan lolos saengga desane kuwi dijenengi desa
Brobosan. Ing desa liyane R. Kamandaka leren sedhela, amarga getihe saya nrocos
banter saengga desa kuwi dijenengi desa Bancaran.
Ora kenyana R. Kamandaka ngadhepi dalan sing buntu lan panggonan
kuwi diwenehi jeneng desa Buntu ( mangkana sing dadi simpangane Kroya – Maos –
Purwokerto – Kebumen ). Silihwarni tetep ngoyak R. Kamandaka nganthi R.
Kamandaka nemukake guwa lan banjur mlebu umpetan ana jerone. Neng ngarep guwa
kuwi Silihwarni nantang R. Kamandaka tanding.
Amarga kuwi kabeh R. Kamandaka dadi ngenalake awake dhewe lan
Silihwarni ngerthi yen R. Kamandaka kakange sing lagi digoleki. Banjur
Silihwarni mateni asu lan dijupuk getihe. Getihe kuwi diwenehake Sang Adipati
Pasirluhur kanggo bukti yen R. Kamandaka wis mati neng tangane. Sadurunge R.
Kamandaka lan Silihwarni ninggalake guwa kuwi, sempet nandur wit jati jejer –
jejer pas neng ngarep guwa, saengga guwa kuwi diwenehi jeneng guwa Jitijajar.
R. Kamandaka bali ing Pajajaran karo ngajak Reka Jaya, kancane.
Nanging sawise tekan Pajajaran dheweke njaluk restu ngembara maneh kanggo
nggoleki bocah wadon sing ditresnani. R. Kamandaka lunga maneh neng Pasirluhur
lan sadurunge mangkat R. Kamandaka tapa neng guwa panggonane ngumpet sawektu
digoleki Silihwarni biyen. R. Kamandaka entuk kanugrahan saka Resi supaya
nggoleki klambi lutung supaya bisa ketemu karo Dewi Ciptoroso. R. Kamandaka
diutus tapa neng alas Batur Agung. Banjur R. Kamandaka dadi lutung lan urip
neng alas kuwi. Karo Reka Jaya dheweke aweh klambi keblak (lawa gedhe ). Keblak
kuwi diparentah supaya bapake mlebu ing alas lan yen mengko ketemu lutung
supaya dicekel banjur diopeni. Awit lutung kuwi sing bakal bisa nemukake Dewi
Ciptoroso karo R. Kamandaka.
Krungu sing mangkono kuwi atine Dewi Ciptoroso ngrasa seneng lan
dheweke nglakokake wejangane kuwi kabeh. Dewi Ciptoroso ngomong marang bapake
yen panjaluke mau kuwi kudu dituruti. Adipati langsung mlebu ing alas Batur
Agung banjur ketemu karo lutung sing manutan. Dumadakan Reka Jaya ngaku – ngaku
yen lutung kuwi duweke. Reka Jaya njaluk supaya bisa melu ngopeni lutung kuwi.
Adipati ngabulake panjaluke Reka Jaya mau nanging ana wewaton, yen lutung kuwi
entuk di krangkeng nanging kudu bisa bebas obah. Wewaton kuwi disepakati,
banjur lutung digawa lan diopeni marang Dewi Ciptoroso. Kasunyatane lutung kuwi
yaiku R. Kamandaka yen wengine bisa njelma dadi wong nanging yen awane bisa
njelma dadi lutung maneh.
Sasuwene kuwi akeh putra–putra Raja sing tresna marang Dewi Ciptoroso,
nanging dheweke ora gelem. Ana salah sawijining putra raja Prabu Pulebahas,
jenenge tresna banget lan kudu entuk Dewi Ciptoroso. Dewi Ciptoroso krungu lan
tetep ora gelem, nanging lutunge nyetujuni yen Dewi Ciptoroso kudu nrima Prabu
Pulebahas. Ora segampang kuwi, Prabu Pulebahas kudu ngentuke yen lutung entuk
melu terus ana sisihe Dewi Ciptoroso. Amarga Prabu Pulebahas ngancem, yen ora
ditampa arep ngrubuhake kadipaten Pasirluhur. Krungu mangkono, Dewi Ciptoroso
nyetujuni kekarepane Prabu Pulebahas.
Wektu sing dikarepake Prabu Pulebahas wis teka. Banjur Dewi
Ciptoroso ketemu karo Prabu Pulebahas, suasanane ora ngenaki banget. Amarga
lutunge malah ngribeti lan langsung gawe abang kupinge. Lutung kuwi digebug lan
ora kenyana lutung malah luwih pinter. Prabu Pulebahas kalah lan langsung
ambruk neng lemah. Prabu Pulebahas mati banjur lutung kasarung njelma maneh
dadi R. Kamandaka lan nggunakake klambi keraton Pajajaran. Saengga Adipati
Pasirluhur ngerti mangkono yen lutung kasarung yakuwi Putra Mahkota keraton
Pajajaran. Banjur Adipati Pasirluhur sarujuk marang sesambungane Dewi Ciptoroso
karo R. Kamandaka sarta ngangkat dadi Adipati Pasirluhur.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KANCIL
NYOLONG TIMUN
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Sawijining dina
Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune tekan kebonan timun
duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo katon seger, Kancil dadi luwe.
Sabanjure Kancil lingak-linguk goleki sing duwe kebon timun. Amarga ora ana
Kancil banjur mangan timun siji mbaka siji sampe wetenge wareg.
Sawise krasa
wareg Kancil banjur mulih alas. Kancil dadi tuman mara menyang kebon timune Pak
Tani kuwi mau. Saben dina Kancil nyolong timune Pak Tani. Suwene suwe Pak
Tani krasa menawa timune saya kelong mbaka sithik.
Pak Tani banjur
ngindhik sapa sing nyolong timune kuwi mau. Bareng wis diindhik lan ngerti menawa
sing nyolong timun iku Kancil, Pak Tani gawe jebakan kanggo Kancil. Pak Tani
gawe wong-wongan kang diwenehi pulut nangka lan di pasang ana ing kebon timun.
Esuke Kancil
mara maneh ana kebon timun, dumadakan kaget ana wong ing tengah kebon timun.
Kancil banjur mlayu sipat kuping, tapi bareng krasa ora dioyak kancil mandeg.
Kancil mara maneh alon-alon karo ngawasake wong kuwi mau. Bareng cedhak Kancil
ngguyu dewe, “o…alah…jebul mung wong-wongan to ?”
Kancil sing
rumangsa kapusan terus ngantemake tangan tengene ing wong-wongan kuwi
mau, tangan tengene dadi tumemplek kelet ora bisa diuculi. Kancil banjur
ganti ngantemake tangan kiwane ana ing wong-wongan. Tangan kiwane uga dadi melu
tumemplek kelet ana ing wong-wongan. Kancil sangsaya nesu rumangsa di cekel
karo wong-wongan, banjur nendhangake sikil kiwa lan sikil tengene ana ing
wong-wongan. Saiki Kancil wis ora bisa obah, tangan loro lan sikil loro
tumemplek raket ana ing wong-wongane Pak Tani.Kancil mung bisa ketap-ketip
ngenteni nasib karo mbrebes mili.
Pak Tani wayah
sore mara ing kebon timune weruh Kancil tumemplek raket ana ing wong-wongane
banjur nyedhak.”Kecekel rak kowe cil…mula aja sok seneng nyolong timun ing
kene….tak gawa mulih terus tak masak gule kowe mengko.” Ngono kandhane Pak Tani
sinambi nguculi Kancil saka wong-wongan lan nggawa mulih kancil.
Kancil
dikancing ing kandhange Pak Tani. Ing jero kandhang wayah bengi Kancil
dicedhaki kirik ingon-ingonane Pak Tani. “Cil….ngapa kowe neng kene?” mengkono
pitakone kirik kuwi mau. Kancil banjur cerita manawa deweke arep didaupake karo
anake Pak Tani, makane saiki ana kono. Kirik kuwi mau rumangsa srei. “La…kok
enak kowe cil,…kudune aku sing didaupake karo anake Pak Tani ora kowe amarga
aku wis melu neng kene suwe”. Kirik rada nesu.
Ing jero ati
Kancil ngguyu banjur nerusake pokale, Kancil nawani apa Kirik gelem nggenteni
ana jero kandhang lan didaupake karo anake Pak Tani? Kirik seneng banget
ditawani ngijoli Kancil sing arep didaupake anake Pak Tani kuwi mau. Ora
nganggo mikir dawa maneh Kirik kuwi banju nguculi Kancil saka jero kandhang lan
deweke ganti mlebu kandhang dikancingi Kancil.
Kancil banjur
mlayu sipat kuping, ing jero ati bungah banget bisa ucul saka kandhange Pak
Tani sing mesthi ucul saka bebaya. Bejoku ana kirik sing bodho gampang diapusi
mangkono bathine Kancil. Ing kandhang Kirik ngenteni karo ngguya-ngguyu
rumangsa seneng atine arep didaupake karo anake Pak Tani. Pak Tani sing mbukak
kandhang esuke kaget baget ngerteni sing ana jero kandhang mau Kirike dewe. Pak
Tani nesu banjur gebugi Kirik sing ana ing jero kandhang kuwi mau. Amarga bodho
gampang diapusi Kirik dadi tatu kabeh awake.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
LEGENDA
KOTA KUDUS
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Kala rumiyin,
Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah sawijining
dinten, wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun ahli ukir.
Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali
dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton. Kasilipun
ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge ngedekaken
perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat
Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes
nyebataken bilih Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging
ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing pedagang saking
Cina.
Sunggingan saya
ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak Bintoro ingkang
langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka natanipun
ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake
Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi
ornament Hindu warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para
warga sakkupengipun kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus.
Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura
kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka Dewanipun.
Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/
ling Sing (sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken
masjid sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga
kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing
Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados name
Kudus ingkang tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi
nami mesjid Kudus (mesjid ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci).
Kanthi
wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat
njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya
ngrembaka (dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis
dening Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus.
Syekh Jafar Sodiq misuwur kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang
kaginakaken syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling
ciri khas kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.